Sabtu, 29 Desember 2012

Syiiran Gus Dur


Yarosulalloh salammun’alaik… Yaarofi’asaaniwaddaaroji…   ‘atfatayaji rotall ‘aalami… Yauhailaljuu diwaalkaromi…   Ngawiti ingsun nglarasa syi’iran Kelawan muji maring pengeran Kang paring rohmat lan kenikmatan Rino wengine tanpo petungan. 

Duh bolo konco priyo wanito Ojo mung ngaji syare’at bloko Gur pinter ndongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sangsoro

Akeh kang apal Qur’an haditse Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe dak digatekke Yen isih kotor ati akale

Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepaese gebyare ndunyo Iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nistho.

Ayo sedulur jo nglaleake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhite Baguse sangu mulyo matine.

Kang aran soleh bagus atine Kerono mapan seri ngelmune Laku thoriqot lan ma’rifate Ugo hakekot manjing rasane.
Alquran qodim wahyu minulyo Tanpo ditulis biso diwoco Iku wejangan guru waskito Den tancepake ing jero dodo.

Kumantil ati lan pikiran Mrasuk ing badan kabeh jeroan Mu’jizat rosul dadi pedoman Minongko dalan manjing iman.

Kelawan Alloh kang moho suci Kudu rangkulan rino lan wengi Ditirakati diriyadohi Dzikir lan suluk jo nganti lali.

Uripe ayem rumongso aman Dununge roso tondo yen iman Sabar narimo najan pas pasan Kabeh tinakdir saking pengeran

Kang anglakoni sakabehane Allah kang ngangkat drajate Senajan ashor toto dhohire Ananging mulyo maqom drajate.

Lamun prasto ing pungkasane Ora kesasar roh lan sukmane Den gadang Allah swargo manggone Utuh mayite ugo ulese.